GATUT KACA
Gathotkaca kuwi putrané Radén Werkudara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dewi
Arimbi ,Tembung
gathotkaca tegesé kumpuling kasantosan. Nalika lairé, nganti umur nembelas dina
puseré jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep wujud apa waé. Naning
wusanané puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkané Senjata Kuntha Wijayadanu
(Kunta Druwasa) duwèké Radén Suryatmaja iya Adipati Karna nalika
isih enom. Lan kaélokané, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing puseré
Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosané Gathotkaca, Senadyan mengkono, bab iku
uga dadi pengapesané Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang
darbé Senjata KuntaWijayadanu, Gathotkaca
kudu ngati-ati. Sebab yèn nganti senjata Kunta dilepasaké, Gathotkaca mesthi
mati. Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".
Lairé Gathotkaca ngepasi
karo dumadiné ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para déwa padha
kocar-kacir amarga diamuk déning Prabu Kala Pracona , ratu buta ing
negara Ngembatputihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk
sing ora samesthiné iku diduwa (ditolak) déning para Déwa saéngga ndadèaké
peperangan. Para déwa padha keplayu banjur golèk "pintasrayan"
menyang negara Ngamarta (Amarta). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca (
Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara
Narada, digawa menyang kahyangan, didadèkaké jagoné para déwa,
dimungsuhaké Prabu Kala Pracona lan Patihé Apraceka Ditya Kala Sekiputantra
sawadyabalané. Sadurungé diajokaké ana paprangan bocah sing lagi lair iki
banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para déwa didhawuhi
déning Bathara Guru (tetungguling para déwa) supaya nlorongaké gegaman
kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajroné kawah
Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus
ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabé Gathotkaca banjur sinebut :satriya
babaran kahyangan" Déning Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan
pusaka kanggo sipat kandel anggoné ngadhepi mungsuh yakuwi kotang antrakesuma,
caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ana paprangan,
tandangé Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalané
padha mati kabèh. Sasirnané Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengaké
nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumuré jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.
Ing Perang
Baratayuda Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntawijayandanu
kagungané Adipati Karna. Panah kang diuculké kuwi jan-jané ora tekan merga
Gathotkaca aburé wis ana sadhuwuré méga sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung
déning yitmané Ditya Kala Bendana, bapa-pamané Gathotkaca kang wis tiwas merga
ditempiling déning ponakané iku, saéngga Gathotkaca gugur ana madyaning
paprangan. Kuwandané Gathotkaca kumléyang saka gegana nibani krètané Adipati
Karna nganthi ajur sewalang-walang. Péranganing Baratayudha, Gathotkaca Gugur
sumbaga wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadiné perang ing
wayah bengi.
Sumber : http://jv.wikipedia.org/wiki/Gathotkaca
